Friday, October 09, 2009

Darurat

Bayan Semun diajak pak Lurah rapat nyang Suroboyo.
Tepak-e nang Hotel Indahnya Malam lantai 30.
"Mun tunggunen nang Lobby yo iki HP gawanen, mbok menowo aku ana perlu dadi gampang ngubungi kowe" dawuhe Pak Lurah
"Nggih pak Lurah kulo tenggo teng Lobby"

Lagi wae 20 menitan rapat mulai, HP-ne Sumun muni iring,...iring....iringggg....
"Mun tulung jupukno map kuning nang njero mobil yo,.....cepet mun ,...darurat iki..... laporanku ana nang ana kabeh,...nek ora cepet pak Gubernur iso nesu nesu,..."
"langsung terno nang Lantai 30 ruang bh 302 yo,....cepet mun" krek HPne pak lurah mati.
Jegagik Semun langsung mblayu nang basement njupuk map kuning trus mblayu munggah nang lobby maneh.

Sakwetoro pak lurah wis gelisah mlaku ngalor ngidul nang ngarep lift , 10 menit durung ketok, 40 menit durung nongol, malah wis sak jam bayan semun durung kethok irunge.
Pak Lurah ora sabar nelpon Semun maneh,....
"Mun lha kok suwi men tho , mosok nganti sak jam durung mecungul irungmu,....sakiki kowe nangdi.." Pak lurah bengok bengok
karo krenggosan Bayan Semun semaur : "Kuloo.....tasihhh...wonten...lantai....selangkung pak lllurah,..."
"Lantai selawe?.. lif-e macet opo piye,..." pak Lurah bingung.
"mbotennn pak kulo lewat tangga darurat..." jare semun isih karo krenggosan
"Lho lhaopo kowe munggah lewat tangga darurat rak cepet yen ngganggo lift to" Pak Lurah tambah binggung
"Kulo wau bade lewat Lift pak tapi pas teng ngajeng lift wonten tulisan '
DALAM KEADAAN DARURAT HARAP GUNAKAN TANGGA' lha wau pak Lurah rak ngendikan yen niki darurat , dados kulo balik malih trus lewat tangga darurat,...." semaure Semun karo krenggosan napase senin kemis........

No comments: