Friday, July 10, 2009

Kuik Kon

Angger nonton tipi utawa jaduman neng gerdu, tembung “kuwik kon” sering disebut-sebut. Ngertine Bayan Semun kuik kon iku mbedek hasile pemilu, tapi nganti saiki sakjane ya durung ngerti blas artine. Mula nalika ketemu pak Carik Marto diwanek-wanekne olehe takon:
“Pak Carik, kula jenge nyuwun pirsa... kula niki katrok tenan, kuik kon niku napa ta... napa ngetung kalih uwik-uwik nyekeli kon....ci ngoten?”

Pak Carik: “Husy.. saru kowe... iku tapi cara ngetung cepet”

Bayan Semun: “Ponakan kula si Edi niku nggih pinter kuik kon nek ngoten, lha wong saged ngetung kecik klungsu sak bathok niku cepet sanget kok, jirolupatmanemtulungaluhlaslaslaslaskurkurkurluhluhluh... tus”.

Pak Carik: “Ngetung cepet iku gak ngono Mun, tapi ngira-ngira.. lah kaya kang Basuki sing bandar pelem kae.. deweke lagek eruh wit pelem sing wohe gemrandul ae wis bisa ngira-ngira nek diunduh bisa entuk pirang krenjang, malah ngerti sing bakal didol mateng pira sing mung pencit nggo rujakan pira. Mula bisa tawa regane pira nek arep nebas”.

Bayan Semun: “Lha nek peleme dereng woh, saged ngetung mboten nggih?”

Carik: “Ya ora iso nooo.. kaya pilpres iki nek contrengane durung dileksanakne, gak iso kuik kon. Milih presiden mung kuik kon tok tanpa contrengan iku hil sing mustahal”.

Bayan Semun: ”Lha jaman Orde Baru nika kok mboten... Pemilune dereng dileksanakne kok pemenange pun saged dibedek!”.

Carik: “Haiyah... jaman iku PEMILU artine --pemenange itu-itu melulu---”

Bayan Semun:”Pun paham kula sakniki... lha enggih ta... wong ajeng dietung siji-siji mawon.. kok ndadak nganggo kuik kon niku damel napa ta... kok ngguwang-ngguwang duwik?”

Carik: “Lha wong kowe dewe ya pengin cepet ngerti hasile ngono kok... apameneh para capres cawaprese, merga cepet ngerti rak duwe wektu sing cukup nggo siap-siap, sing diperkirakan menang siap-siap milih lan ngatur bala, sing diduga kalah nyiapne koper kanggo pulang kampung, nyiapne tuku pacul arit nek dadi petani, utawa gawe panti utawa mbangun pesantren kangge sarana mengabdi”

Bayan Semun: “Lha tapi wonten sing mboten percaya kalih kuik kon ngoten kok?”

Carik: “Jujur apa ora? Umpama bener gak percaya, berarti isik kalah kalah karo wong Pingkuk, lha wong dibantu pak Mantri Tani, warga kene sering nimbang hasil pari saka ubinan demoplot kangge ngira-ngira hasil gabah sak kabupaten kok.. tanpa kudu nglumpukne gabahe wong sak Magetan kok. Pancen kon iku mung ngira-ngira nganggo ilmu... arepa kaya ngapa hasile gak didadekne keputusan... tapi kena dienggo ngecek, nek hasil etungan resmi engko melenceng adoh saka kuik kon, ya kudu diteliti meneh... dicek endi sing melenceng, kuin kon-e apa etungan resmine”

Bayan Semun: “Eeeenggg... ngertos kula.. lha nek miturut kuik kon kula, saben sedasa tiyang jaler dusun Pingkuk mriki, salah setunggale nate mampir teng warunge mBak Lastri kidul kreteg nika”.

Carik: “Husy.... sst meneng ae nek arep mrana ajak-ajak aku...”

No comments: