Friday, August 31, 2007

Robot Semun

Masiyo omahe nang desa terpencil kaya pingkuk, ning bayan semun ora nate ketinggalan bab teknologi,..

..buktine masio direwangi nyekolahke pit udug-e Bayan semun mempeng pingin tuku komputer, sakiki wis rada kethok hasil-e,.......Semun rada melek komputer.
Pancen pas tuku komputer anyar biyen bayan semun isih durung ngerti apa kuwi "not pond" , apa kuwi IP , malah ngirim email nang anake wae almate ditulis lengkap kaya surat pos. Ning sakiki bayan semun wis rada pinter , dibantu karo anake sing kuliah nang suroboyo jurusan komputer bayan semun berhasil nyiptakno robot sederhana pendeteksi kebohongan.
Robot iki dirancang nek krungu wong ngapusi, robot mau langsung ngeplak .

Dino iki tes pertama robot gaweane , pas Kacuk anake ragil muleh sekolah kewengen langsung ditakoni karo bayan semun.
"Kowe saka ngendi le kok jam 7 wengi nembe teko omah" takone bayan semun.
"Ana pelajaran tambahan pak" jare kacuk

"PLAK" moro-moro robot-e bayan semun ngeplak kacuk

"aja ngapusi kowe le iki robot gaweanku lan kangmasmu iso ngerti yen kowe ngapusi" jare bayan semun
"enggih pak wau nonton pilem pcd kaleh rencang" jare kacuk karo mringis
"pilem apa"
"pilem india pak" ,.......

"PLAK" robote bayan semun ngeplak endase Kacuk maneh,......

"eh anu pak pilem porno" jare Kacuk tambah mringis karo nyekeli endase.
Bayan Semun nesu ora karuan , "kowe kuwi diragati sekolah ben-e dadi bocah sing pinter malah kaya ngunu, delok-en kangmasmu sing saiki dadi ahli komputer kae, bapakmu iki masiyo goblog , ora nate mangan sekolahan ning biyen ora nate nonton pilem kaya ngunu kuwi"

"PLAK" giliran Bayan semun sing dikeplak endase karo robot-e dewe,........Bayan Semun sak dek sak nyat meneng,.........

"Wis ta pak ora usah kaya ngunu , uwoh ceblok ora adoh saka uwite anak karo bapak pada wae" Yu Semun ngece
"Masio kaya ngunu Kacuk iku rak anakmu dewe,...." durung bar yu semun olehe ngomong ujug-ujug,.....

"PLAK" Yu Semun kenek keplak ,............

No comments: