Monday, August 27, 2007

Rabi Maneh

Goro2 bayan Semun kakeyan nonton sinteron lan infotainment, dadi pengin rabi maneh. Jelas wae bu Semun uring2an, masak jangan/sayur pedes banget, nutup lawang dibanting, nggosok klambine bayan semun digawe miring2 ra karuan. Ning saking pinter-e bayan Semun leh ngrayu (belajar teko blog-e wong Mediun), akhire bu Semun lilih ugo penggalihe.

“Yo wis, panjenengan entuk rabi maneh ning syarate sing wadon kudu rondo tuwo. Umure nduwur 65 tahun.” Ujar bu Semun.

Bayan Semun nganyang, “Walah, ketuwek-en kuwi. Repot, aku golek prawan 20 tahunan yo?”

“Ora entuk, Over my dead body!” jare bu Semun karo methuthut. “Prawan oleh, ning umure seket lima” bu Semun rodo kendo.

“Yo isih ketuweken to diajeng, rodo enom maneh yo” Bayan Semun tambah giat leh ngrayu sinambi mijiti pundake bojone.

Bu Semon karo glegeken dipijeti bojone nyahuti, “Iki tawaran terakhir: 50 tahun. Wis, seket ora iso medun maneh!”

Bayan Semun mikir rodo suwi, akhire, “Yo wis, aku gelem. Prawan, 50 tahun. Ning selawe-nan loro ya?”

Gubrak! Bu Semun banting lawang.

No comments: