Saturday, August 21, 2010

Bayan Semun (ngimpi) bisa korupsi

Bayan Semun (ngimpi) dadi Pinpro, neng langgar ngrungokne tausiyahe Ustad Mukidin:
"Maling kuwi dosa... korupsi kuwi dosane tumpuk undhung sak andug-andhug. Merga sing dadi korban masyarakat luas, mula nilai kerugiane bisa gak terbatas. Korupsi kudu diberantas sak oyod-oyode. Nanging usaha pencegahan korupsi iku penting, merga nek wis kadhung dikorupsi, senajan pelaku wis dikerangkeng kerugian ora bisa pulih. Mula usaha-usaha pejabat kanggo nyegah dumadine korupsi ing instasine kuwi pantes diwenehi penghargaan".

Telungwulan kemudian ... Bayan Semun diperiksa KPK.

"Bener Pak Semun.. sampeyan wis nilep duwik proyek?"

"Bener Pak KPK... tapi usaha kula niku kedahe justru angsal penghargaan".

"Lho... entuk penghargaan piye? Wong nilep duwik negara kok... penghargaane ya nginep karo mangan gratis neng hotel prodeo kuwi... piye?"

"Pak KPK... turene Ustad Mukidin, usaha mencegah korupsi niku kedah angsal penghargaan. Sing kula tilep niku anggaran sing kinten-kinten ajeng dikorupsi anak buah kula, maksud kula niku rak nyegah anak buah mboten korupsi"

"Halah pak... sampeyan ki ketoke terserang penyakit sindrome korupsi akut, ora mung duwik anggaran pemerintah ae sing sampeyan korupsi.. sampek sak tausiyahe ustad ya sampeyan korupsi"

Gubraaak... Bayan Semun kaget tangi jenggelek, jebul mung ngimpi... untuung... terus uce-ucek mata ndelok jam... eh wis jam lima.. biyuh telat saur...

No comments: