Thursday, December 11, 2008

Semun Takon Jam

Sak wijining dino, Semun dolan numpak sepur teko Mediun tujuan Jakarta. Isuk2 meh mlebu Jakarta, Semun takon marang bapak2 sing lungguh ning sebelahe, "Nyuwun sewu pak, sak meniko jam pinten nggih?"

Bapak kuwi mau meneng wae, noleh ae ora. Semun ngiro yen Bapak kuwi mau ora krungu, dadi Semum baleni takon nganti ping telu. Si Bapak tetep ora gubris babar blas.

Karo setengah mangkel Semun njawil Bapak kuwi mau, "Nyuwun sewu, ditangleti sae-sae kok mendel mawon!"

Bapak mau karo sengit njawab, "Mas, masalahe kulo niki kok mboten gelem njawab. Nanging nek tak jawab, mengko terus sampeyan takon ngalor ngidul, terus ngobrol sok akrab"

Karo melengos Semun nyauri, "Lha nopo salahipun menawi Bapak lan kulo akrab?"

Si Bapak mangsuli maneh, "Ngene Mas, mengko bojo lan anakku sing prawan ayu bintang kampus mapak aku ning Gambir. Lha nek akrab, mengko awak dewe medhun bareng2. Mestine aku kudu ngenalke kowe ning anak- bojoku. Lha bojoku kuwi wonge ora iso-nan. Mengko mesti nawari mampir.
Terus kowe melu mulih ning omahku, nunut adus, melu mangan barang.
Terus akrab karo anakku wadon, terus pacaran, malah iso2 dadi
mantuku."

Semun sing kebingungan malah tambah bingung, "Lho, terus nopo hubungane kaliyan pertanyaan kulo sing pertama wau?"

Bapak kuwi karo ngadeg ngadoh nimpali, "Masalahe ngene Mas, aku ora sudi duwe mantu koyo kowe. Jam tangan wae ora gablek, piye leh arep iso nyenengke anakku !"

Semun melongo, "Ooooooo ...... eh pak, jam pinten nggih sak niki?"

No comments: