Friday, January 18, 2008

KB Yu Semun

Bayan Semun pernah nyantrik dadi PLKB (Penyuluh Lapangan Keluarga Berencana. CMIIW) ning deso Penthuk. Wektu kuwi gilirane ibu2 PKK RT 12 sing do ngumpul ning Posyandu celak SD 1 (halah, ngawur ki nggone). Bayan Semun entu tugas survey jenis KB opo wae sing dienggo karo penduduk kono. Karo gowo kertas form lan pulpen, Bayan Semun nakoni ibu2.


BS: Nyuwun sewu Bu, asmanipun sinten?

Bu Sinem: Kulo Sinem, garwane pak Rudi. Putro nembe setunggal, tigang tahun, jaler. (Busyet lengkap banget)

BS : Sakmangke damel kontrasepsi nopo njih?

Bu Sinem : Kondom rasa strobery (jarene karo pipine abang mbranang, isin)


BS: Menawi ibu, asmanipun?

Bu Tarjo: Bu Tarjo, nami asli kulo Gendhis, umur nembe 24, anak kaleh (halah, promosi, maklum bayan Semun enom-2ane guantheng)

BS : Mbak Gendhis ngangge KB nopo nggih?

Bu Tarjo: Spiral!


Bayan Semun nakoni liyane, jawabane macem2, ono sing suntik, pil, susuk lan sak piturute. Tekan rodo pojok ketemu ibu sing prawakane gedhe dhuwur semlohai.


BS: Asnanipun. Bu ….

Bu Kaspo: Kulo Bu Kaspo, anak kaleh jaler estri. Pas kaliyan program pemerintah, selisih ipun gangsal tahun, ingkang alit sampun kelas setunggal SMP.

BS: Wah, Bu Kaspo ini ketingalipun akseptor teladan. Mboten natos kebobolan? Ndamel menopo nggih?

Bu Kaspo: Dingklik !

BS: ???? Kok dingklik …

Bu Kaspo: Mas Semun, pak Kaspo niku tiyange alit, mung sak pundhak kulo. Lah, remenane nek eM eL (weh gaul banget) niku posisi ngadeg. Ben gaduk, nggih ancik2 dingklik. Nek pun raine abang mbranang, melek merem, rodo mendelik2 ………… tak tendang dingklik-e.

by. Indra dp

No comments: