Monday, May 28, 2007

Logika semun

Merga wis gak cocok karo Yu Darsih bojone, akhire bayan Semun pegatan. Mungkin , terinspirasi Rafli vs Tamara, Tata vs Tomi, Yu Darsih nuntut hak asuh anak.
Merga didangu, yu Darsih ngetokne uneg-uneg keibuane:
"Pak Hakim... kula niki ibune si Thole niku.... . Sangang sasi sepuluh dina kula ngandung. Niku mawon mboten cukup, kula nggih sing nyusoni anake kalih bapake, nggih kula sing saben bengi begadang, kula sing nulungi nalika nangis, sinten melih sing nyewoki lan ngganti popoke, nggih kula sing saben dinten nggendhong, kula sing ndulang, nggih kula sing ngajari omong, kula ngajari mlaku... mula hak asuh anak niku mesthi dateng tangan kula!"
Pak Hakim mung mendel, noleh menyang Bayan Semun terus takon.
Bayan Semun njawab enteng:
"Pak Hakim... umpami sampeyan mlebet ruang alit, terus nglebokne KARTU teng bolongane mesin, tangan sampeyan jowal-jawil tombol, milih kode ngantos wonten reaksi saking mesin... si mesin bergetar lan goyang sekedhik..jegrek-jegrek-jegrek terus wonten dhuwik medal.... Dhuwik niku gadhahan kula napa gadhahane si mesin ATM?"

No comments: