Mari entuk kiriman saka anak-e bayan semun kepingin nyang jakarta numpak pesawat, ticket wis nang tangan plecing langsung budal nyang Juanda, tekan kana lansung mlebu pesawat lungguh nang business class. Ora let suwe ana Pak Lurah mlebu pesawat :Pak Lurah : Mun iki panggonku panggonmu nyang mburi kana lho iki klas eksekutip dudu klas ekonomiSemun : Nyang Pingkuk njenengan oleh kuasa Pak Lurah nek nang kene ora iso, wong podo penumpange pada mbayare. ora gelem ribut Pak Lurah Nyeluk Pramugari :Pramugari : Pak Semun tempat duduk anda di belakang sana pak ini kursi bapak ini Semun : Kowe sapa tho cah ayu?Pramugari : Saya Pramugari Pak Semun : Tugasmu apa ?Pramugari : Melayani penumpang pak!Semun : Lho kok malah ngusir aku tho,..Bingung ulahe Semun pramugari nyeluk Pilot.Pilot : Pak tempat duduk dipesawat sudah ditentukan , dan tempat duduk bapak di kelas ekonomi di belakang sana.Semun : Eh kowe iki sapa kok wani ngusir aku, aku iki numpak mbayar ora gratis,Pilot : Saya Pilot pesawat ini pak, saya yang mengendarai pesawat ini.Semun : Aku numpak bis ora nate diusir karo sopir-e kok kowe wani wani ngusir, sopir wae sombong.Ora let suwe Yu Darmi munggah. "Ono opo iki" : Yu Darmi takon karo PramugariPramugari crito yen Semun ora gelem pindah nyang panggonane dewe,.."Oooo ngunu tho wis gampang serahno aku wae" : jare Yu DarmiYu Darmi : Mun ola opo kowe lungguh kono Semun : kowe yo arep melu ngusir aku pisan yoYu Darmi : Ora Mun, Kursi sing kok lungguhi iki kanggo penumpang jurusan Medan nek sing jurusan Jakarta sing mburi kana lhoSemun : Oooo ngunu tho, untung kowe ngandani aku yu, nek ora aku rak nyasar tekan Medan.