Thursday, April 30, 2009

Babi pilêk

Hajing……
“Babi pilêk….”
Wahing-wahing iku beruntun. Sing siji wahing durung bar liyane melugêbres. Ngono sakteruse nganti rame wong wahing nang warung ngarêp kelurahan Pingkuk isuk iki.
“Wahing kok koyok candu,” komentar Sêmun.
“Iki duduk nyandu kang Semun, ananging virus sing nular,” jare kang badrun karo nganggo maskêr.
“Biasa nèk ganti mongso, mêsti akèh wong sing pilêk,” Jare Yu Darmi melu nimbrung.
“Masalahé saiki onok flu babi barang, Yu,” jare Badrun sing suarane rada ora jêlas mêrga kêtutup maskêr.
“Babi pilêk yo séjé karo wong pilêk,” jare Sêmun. “Irunge gak podo.”
“Kêcuali irungmu, Mun,” Yu Darmi nyambêr sing marahi Sêmun nyêkêl irunge.
“Babi gak isok wahing koyok uwong masiho irungé mèlèr, Yu.”
”Iki akèh wong mangan ngomongno irung mèlèr,” Kang Kêmpling mbêngok karo nêpuk pundake Sêmun. “Ditadahi kéné,” Jarene Nyodorke lèpèk.
“Awakmu gak ngêrti urusané, kang. Iki dialog tingkat tinggi soal babi pilêk.”
Kang Kêmpling sêmpat mesêm kisinan, tapi mêrga dewek-e sering maca koran bekas, yo ngerti soal flu babi sing diwêdeni wong saiki.
“Durung êntèk soal flu manuk, flu Singapur saiki flu Mèksiko,” jare kang Kepling.
“Yo ngéné iki pênyakit jaman modèrên, mibêr barêng montor mulok, digowo nang êndi-êndi, sak ndonya.” jare Sêmun karo masang maskêr nutupi irunge sing jare yu darmi ora beda kaya irunge babi kuwi......