Tuesday, October 02, 2007
Ngintip
"Buuuk . .Ibuuuuk...!!!" teriak kacuk.
"Ada apa Cuk, kamu kok kayak diuber celeng . .?" tanya Yu Semun.
"Bu aku tadi lihat Bapak sama Yu Darmi berduaan . . ." kata kacuk sambil ngos-ngosan.
"Sebentar to Cuk, pelan-pelan kalau cerita, duduk dulu yang enak.." kata Yu Semun.
"Gini lho Buk, pas aku main kerumah Kelik, aku lihat Bapak masuk ke rumah Yu Darmi." kata Kacuk.
"Udah Stop ! Stop ! Stop!, ceritanya disimpen aja dulu kamu minum dulu biar tenang. Nanti kalau Bapakmu udah sampai, ceritanya diterusin biar bapakmu denger sendiri. Aku pingin tahu gimana reaksi Bapakmu. "kata Yu Semun.
Sorenya Bayan Semun pulang udah ditunggu Kacuk dan yu Semun.
"Ayo Nak, cepet terusin ceritamu tadi" Kata Yu Semun.
"Pas aku main ke rumah Kelik, tiba-tiba aku lihat Bapak masuk kerumah Yu Darmi. Aku pelan-pelan ngikutin terus ngintip dari jendela. Aku lihat Bapak sayang-sayangan sama Yu Darmi. Setelah itu aku .... udah ah aku nggak berani nerusin . ." kata Kacuk.
Yu Semun penasaran, Bayan Semun gemeteran tegang.
"Jangan takut sama Bapakmu, ayo cepet terusin. Setetah itu Bapakmu ngapain lagi sama Yu Darmi !!" Yu Semun maksa anaknya.
Karena dipaksa-paksa akhirnya Kacuk nerusin ceritanya
"Setelah itu Bapak sama Yu Darmi main kuda-kudaan kayak , . . . kayak . . .” Kacuk berhenti cerita nggak berani nerusin ngomong.
“Lho ayo terussin jangan takut, kaya apa biar jelas “ Yu Semun mbentak anaknya lagi. Sementara Bayan Semun gemeteran tampak Pucat pasi.
Akhirnya Kacuk berani nerusin lagi.
“Kayak Ibu sama om Gempil dulu dikamar itu . . ." jawab Kacuk sambil nunjuk kamar Bayan Semun.
Friday, August 31, 2007
bayan semun dadi pelayan restoran
Sakdurunge dadi Bayan, kang semun dadi pelayan restoran. Dudu nang Krebi Peti soale nek nang kono wis onok Sepongbob.
Sawijining ndino nampa tamu sing songong, kemlinthi, bawel, ladak... wis lah pokoke gayane njelehi banget. Dengan songongnya nyeluk si Semun,
"Hey.. sini kamu..." karo nudingi kang Semun.
Sebagai kandidat employi op the mon, si Semun tetep marani lan masang rai ramah senajan atine nggondhok...
"Ada apa boss??" Bayan Semun mundhuk-mundhuk marani si tamu.
"Saya minta Susu Soda!!" omonge si tamu karo mendelik.
"Oke boss.... siap dalam lima menit!", bayan Semun mencet stop wot karo balik kanan.
"Tapi Jangan pake es!!!" si songong order khusus.
"Sorry boss… kalo yang itu nggak bisa!"
"Gak bisa gimana? Tadi katanya bisa ...." si tamu menthelengi Bayan Semun
"Kalau tanpa es saya nggak sanggup!" Bayan Semun balik mentheleng.
"Pokoknya saya mau yang itu... Gubrakk" si tamu nggebrak meja kaya Muhsin Alatas nang iklan penyedap masakan nang tipi ndisik iku.
Bayan Semun kaget kumat latahe, "Eee... mati, mati, mati... ..taapi... saya tetep nggak bisa.... Soalnya SUSU SODA kalo tanpa "S" jadinya kan UU ODA boss!!!!!"
"Dasar gemblung…"
Robot Semun
Pancen pas tuku komputer anyar biyen bayan semun isih durung ngerti apa kuwi "not pond" , apa kuwi IP , malah ngirim email nang anake wae almate ditulis lengkap kaya surat pos. Ning sakiki bayan semun wis rada pinter , dibantu karo anake sing kuliah nang suroboyo jurusan komputer bayan semun berhasil nyiptakno robot sederhana pendeteksi kebohongan.
Robot iki dirancang nek krungu wong ngapusi, robot mau langsung ngeplak .
Dino iki tes pertama robot gaweane , pas Kacuk anake ragil muleh sekolah kewengen langsung ditakoni karo bayan semun.
"Kowe saka ngendi le kok jam 7 wengi nembe teko omah" takone bayan semun.
"Ana pelajaran tambahan pak" jare kacuk
"PLAK" moro-moro robot-e bayan semun ngeplak kacuk
"aja ngapusi kowe le iki robot gaweanku lan kangmasmu iso ngerti yen kowe ngapusi" jare bayan semun
"enggih pak wau nonton pilem pcd kaleh rencang" jare kacuk karo mringis
"pilem apa"
"pilem india pak" ,.......
"PLAK" robote bayan semun ngeplak endase Kacuk maneh,......
"eh anu pak pilem porno" jare Kacuk tambah mringis karo nyekeli endase.
Bayan Semun nesu ora karuan , "kowe kuwi diragati sekolah ben-e dadi bocah sing pinter malah kaya ngunu, delok-en kangmasmu sing saiki dadi ahli komputer kae, bapakmu iki masiyo goblog , ora nate mangan sekolahan ning biyen ora nate nonton pilem kaya ngunu kuwi"
"PLAK" giliran Bayan semun sing dikeplak endase karo robot-e dewe,.......
"Wis ta pak ora usah kaya ngunu , uwoh ceblok ora adoh saka uwite anak karo bapak pada wae" Yu Semun ngece
"Masio kaya ngunu Kacuk iku rak anakmu dewe,...." durung bar yu semun olehe ngomong ujug-ujug,..
"PLAK" Yu Semun kenek keplak ,...........
Monday, August 27, 2007
Rabi Maneh
Goro2 bayan Semun kakeyan nonton sinteron lan infotainment, dadi pengin rabi maneh. Jelas wae bu Semun uring2an, masak jangan/sayur pedes banget, nutup lawang dibanting, nggosok klambine bayan semun digawe miring2 ra karuan. Ning saking pinter-e bayan Semun leh ngrayu (belajar teko blog-e wong Mediun), akhire bu Semun lilih ugo penggalihe.
“Yo wis, panjenengan entuk rabi maneh ning syarate sing wadon kudu rondo tuwo. Umure nduwur 65 tahun.” Ujar bu Semun.
Bayan Semun nganyang, “Walah, ketuwek-en kuwi. Repot, aku golek prawan 20 tahunan yo?”
“Ora entuk, Over my dead body!” jare bu Semun karo methuthut. “Prawan oleh, ning umure seket lima” bu Semun rodo kendo.
“Yo isih ketuweken to diajeng, rodo enom maneh yo” Bayan Semun tambah giat leh ngrayu sinambi mijiti pundake bojone.
Bu Semon karo glegeken dipijeti bojone nyahuti, “Iki tawaran terakhir: 50 tahun. Wis, seket ora iso medun maneh!”
Bayan Semun mikir rodo suwi, akhire, “Yo wis, aku gelem. Prawan, 50 tahun. Ning selawe-nan loro ya?”
Gubrak! Bu Semun banting lawang.Sego goyeng
Bayan Semun kuwi kedal, ra iso ngomong R nganti gede. Nek ngomong R dadi Y, jan pokoke ilate kaku. Karo konco2ne sering dibedo, soale bayan semun seneng banget andok sego goreng ning warunge kang Samin. Ndilalah kang Samin yo seneng mbedani si Semun, dadi nek pesen sego goreng, etok2 kang Samin ora krungu terus si Semun ben ngomong banter.
“Pesen opo, Mun?”
“Sego goyeng, kang”
“Opo Mun? SEGO GOYENG?”
Grrrrr …. Kabeh sak warung do ngguyu.
Goro2 kuwi si Semun, niat belajar ngomong sego goreng sing bener. Saben dino latihan.
“Sego goyeng, sego goiyyyeng, sego goylleng, sego goolleng ….sego gorlllleng!”
Terus nganti seminggu, poso gak budhal warunge kang Samin nganti iso nyebut sego goreng.
Akhire pas seminggu, si bayan Semun iso ngucap, “sego gorrrrrleng, sego gorrrreng, SEGO GORENG!”
Karo semangat 45 (lan ngiler ngidam sego goreng) sore2 si Semun buhdal nyang warunge kang Samin karo ngejak adhine.
“Pesen opo Mun?”
Rodo banter setengah pamer si Semun pesen,” SE-GO GO-RENG, kang!”
Karo rodo nggumun kang Samin takon maneh, “Piro?”
“YONG PIYING!”Thursday, August 23, 2007
Manuk kaji pak kacer
Pak Kaji, tonggo sak RT karo bayan Semun duwe manuk kacer sing wis dadi ngocehe.
Manuk kuwi wis terkenal sak kelurahan mergo sering menang lomba.
Lha kok ndilalah, manuk kacer-e pak Kaji mabur wektu dipakan.
Sedih-e ra ketulungan, pirang2 ndino pak Kaji ora penak dahar.
Awan2 sak durunge Ashar, bayan Semun lewat ngarep omahe pak Kaji sing lagi sepi.
Sak klerapan bayan Semun ndelok ono manuk nyekukruk ning pang wit Jambu pekarangane pak Kaji.
Bareng dimat2ke tibake kuwi manuk kacer-e pak Kaji sing ilang wingi.
Bayan Semun pengin ngingu dewe, manuk sing ketok stress gering mau dijupuk alon2 ben ora konangan pak Kaji.
Ning mak bedudug, pak Kaji mbuka lawang pas ndelok bayan Semun nyekel manuk mung ketok ndase wae.
“Heh Mun, opo kuwi sing bok cekel? Manuk ku yo!” bengok pak Kaji.
Dasar bayan Semun wong-e kagetan tur rodo lugu, karo mlayu sipat kuping njawab, “Manuk kaji, pak Kacer.”
Tuesday, August 21, 2007
Isih Kuat
kudu tutup jam 1 bengi, nek lewat saka iku pasti kena razia.
Pas bengi kuwi ana Diskotik sing nekat bukak nganti jam 4, terus sesuai kesepakatan
diskotik mau kena razia sing melibatkan multi aparat mulai aparat keamanan kampung, aparat kepolisian + Aparat desa.
PSK , ABG sing kebetulan ana nang diskotik mau dikongkon baris kanggo di data.
Ketepaan ana Simbahe Bayan Semun karo bayan semun sing arep nang pasar gede lewat .
Simbahe Bayan semun gumun olaopo isuk-isuk kok ana arek wadhon dijejer jejer.
"Mun ana apa kok cah wadhon kuwi dijejer-jejer? takone simbah nang bayan semun
Merga isih ngantuk Bayan Semun njawab sak kenek-e: "Oh kuwi antri permen mbah".
Wah lumayan entuk permen gratis ngunu pikire Simbah, aku tak melu baris lah,..
Pas pendataan nama, aparat desa kaget kok ana simbah wis sepuh nang barisan
Aparat Desa karo bingung takon "loh mbah wis sepuh kok melu-melu sing isih abg , apa isih kuat tho?"
Simbah-e bayan Semun njawab: "halah lha nek mung ngemut wae ya aku isih kuat pak."
Friday, July 13, 2007
Komputer anyar
Nalika ana program internet mblusuk ndeso, Bayan Semun tertarik karo omonge mantri telpon jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter, iso mikir dewe... Mula gak kakehan mikir, dina iku pit montore sing nembe dicicil telung sasi, sekolah nang nggadhean swasta.. deweke terus bablas nang pasar kawak arep tuku komputer (mosok ana toko kumputer nang pasar kawak).
"Halah... ra rah kursus-kursusan.
Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe.
Bayan Semun iku masiyo ndak ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine... mula sungkan nek arep njaluk ajar uwong... "ndak dikira goblog" (padahal ya gak ngerti tenan)... komputer dipasang dewe. Merga wis nate mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan, mula nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambunge kabel ya gak masalah...
Nanging nalika diuripne... komputerm ana tulisane "printer not found".Weruh tulisan ngono mau.. Bayan Semun gak kurang akal, ponakane sing sekolah wis sekolah smp diceluk..
"Nang.. deloken komputerku, iki mau nembe tuku... iki mesin pinter... nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?' kandhane Bayan Semun pura-pura nge-test..
"Gampang... printere mboten kepanggih leres mboten Lik" jawabe
"Sembarangan.
"Koh... kowe aja ngapusi yaa... wong komputer goblog kok diomongne pinter, mosok printer gedhene sak mene kok gak bisa nemokne ki piye", Bayan Semun protes.
"Ora nemu piye"
"Lha iki tulisan .. printer not pond iki"
"Owalah kang Bayan... kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung lengkap syarate maksude isik butuh driver.."
„Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki rak ya wis siap nyetir komputer ta"
„Tunggu ae.. engko tukangku tak kon mrono."
Mumpung isik nyambung karo Koh Abun...Bayan Semn kepingin takon sisan. Sing mendorong dekne nekat tuku komputer iku sakjane merga kepingin iso ndelok gambar wong wedok mliding, wis kepingin arep ngobrol karo tanggane kang supri sing saiki nang amrik, kepingin ngirim duwik lan mbayar tagihan listrik.
"Koh nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?"
"Kowe kudu ngerti alamate"
"Wis tak tulis lengkap alamate kok, malah tak lengkapi si Panjul ponakane Bayan Semun, asline Kampung Pingkuk, nang Hongkong tahun 1998 dikirim biro jasa Bumen Rejo Abadi.. lsp tapi kok gak ketemu karo bocahe yaaa.."
"Mosok alamate ngono... Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak saka ipene"
"Ipe sing endi... wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe dulur ipe ta.."
Wednesday, June 13, 2007
Semun nggonceng dhemit
Flashback, balik nèh nèng tahun sewu sangag atus pitungpuluh lima... Kang Semun durung dadi bayan, isik dadi hansip, isik dadi OB nang kantor kelurahan, isik manten anyar karo bojone. Malah isik honimon, dasare bar entuk rejeki merga dibeseli amplop karo pak Lurah sing bar entuk saka wong bar duwikan lemah mula malem minggu bar maghrib semrinthil wis ngejak bojone nang PESTA BUGIL utawa "bukak giling" pabrik gula pagutan. Tujuane arep nonton ludruk, kethoprak, nonton gambar sorot sing bitange roy marten karo yessy gusman, jajan brondong karo kacang asin, mulihe nenteng Martabak India Super nggo adhine ipe karo maratuwane lanang...
Masiyo jarak nDelopo Pagutan iku gak pati adoh, mung nem kilo tur lewat dalan aspalan ireng jurusan Mediyun - Ponorogo, tapi ya lumayan wong kang Semun numpak pit lan tur akeh nggon sing wingit utawa angker yaiku kretek mBathil, kuburan Slambur, mBulak Sekelip karo kali Ngrobyong…. sing jaman sakmono durung rapet omah kaya saiki....
Saka nDelopo kang Semun goncengan ngonthel pit ngalor parane, Yu Semun ngetapel kaya ransel. Sakwise tekan simpangan dalan sepur sing disebut mBéngkok (cedhak sentral listrik ndelopo) dalane lumayan sepi.. Senajan cedhak gardu listik, tapi daerah kono peteng ndhedhet lan sepi lan ya cedhak karo kuburan lan jembatan mBathil... rongatus meter sakdurunge jembatan dalane mudun, nanging sakwise jembatan munggah meneh, mula ing kono ana rambu dishub gambar (nuwun sewu).... "kutang". Embuh merga dalane rada menggok merga simpangan sepur terus mudhun-munggah iku apa merga ana sing mbaurekso, daerah kono iku sering banget ana kecelakaan, wiwit jaman sepur "lempung" mediyun-slahung isik urip wis sering ana dongeng uwong utawa kendaraan ketabrak sepur, sakwise iku sering ana kejadian tabrakan utawa kecelakaan.. malah nurut jarene kancane tanggane dulure adhine kancaku nang daerah kono sering ana "penampakan" wewe gombel, embuh "kiasan" apa nyata gak bisa dibuktekne perawi utawa sanadnya... he,he,he....
Untung ing daerah kono lakune sepedah kang Semun kebantu gaya gravitasi, nanging persis nang tengah kreteg mBathil, sensor irunge kang Semun nangkep ambu telo bakar. Mak nyut... kang Semun kelingan kandhane wong-wong nek iku ambune "kringet gendruwo". Ditambah angin semiriwing nggawa wangine kembang kemboja saka kuburan.. githoke kang Semun kontan mengkorog atine mak serrrr... tanpa ancang-ancang sepeda digenjot kaya wong kesetanan mlayu sipat kuiping (padahal setane muncul saka atine).....
Lamat-lamat krungu wong bengok-bengok saka mburi, rumangsane deweke diuber dhemit.. mula tambah cepet lehe nggenjot sepeda… Tambah cepet meneh nalika ngliwati kuburan Slambur.... nembe krasa menggeh-menggeh nalika wis tekan lewat lan tekan daerah sing rada rame...…
"Kooangggg … koang…. Kang Semun… byuhh, byuuhhh... ra mbloko men sampeyan ki piye… budeg yaaa… kit maeng dibuuuengooooki kok tuerus ae..." Nalika noleh, kang Semun kaget kaya disamber bledeg luput... mas Dalimin krenggosan ngoyak deweke, sing tambah digumuni meneh bojone wis digonecengke karo mas Dalimin.
Kang Semun curige, engko gek iki mas Dalimin jadi-jadian, "Umpama iku bojoku tenanan, terus sik tang gonceng saka nDelopo karo tak jak ngobrol mau sapa???".
Kang Semun ndelok boncengan sepedae... jebul kosong... mak tratab, wis siap arep mlayu sepedane ditinggal...
"Kosik kang.... aja kaget, iki aku Dalimin tangga lan dulur sampeyan... bojo sampeyan iki mau lak ceblok nang kreteg mBathil… umpama mau sing nemokne dudu aku bisa dadi isen-isene asrama mBéngkok!" kang Dalimin cengengesan.
Tuesday, June 12, 2007
Burik
sawijine dino bayan semun dolan nang omahe yu darmi,...
Yu darmi "mun manuk beoku iki iso lho ndelok sing ora kethok mata, jajal celuk-en si agung (dudu agung prabowo)kuwi mrene" terus agung kongkon nyedak manuk beo mau,...
"helo kiti helo kiti" unine beo mau ,.......
"lho kok helo kiti , apane sing helokiti" jare bayan semun bingung,.....
"Ooo jajal bukaken celana-ne agung kuwi"
"Ooo sempak-e agung ana gambare helokiti, halah kuwi mesti ketepakan wae" jare bayan semun ora percaya.
"ya wis jajal undangen hari , iwan , karo fuad telu mesisan (pisan maneh jeneng ora ono hubungane blas karo anggota MC)" omonge yu darmi bocah telu mau langsung dicedak-e nang beo-ne yu darmi,....
"sincan donal tomjeri" beo-ne ngoceh nganti ping telu,..
bayan semun penasaran langsung diplorotne celanane cah telu mau , la rak tenan cawet-e hari gambar sincan , iwan gambar donal bebek lan fuad gambar tom & jerry,...
"piye kang semun percaya ora?" yu darmi mesem "aku sik ora ngandel jajal siji maneh aku tak nyedak, iso ngerti gambar kolorku ora" jare bayan semun .
Dasar bayan semun sedurunge nyedak mlebu nang kamar mandi disik trus kolore dicopot , dadi mung sarungan wae tanpa kolor , jajal mengko rak bingung beo kuwi ngunu pikire bayan semun.
mung nganggo sarung tok bayan semun nyedak-i beo ne yu darmi ,...
sak menit beo meneng wae , limang menit isih meneng wae ,....
"piye yu darmi beo-mu meneng wae , mau kuwi pancene ketepakan wae,..." durung mingkem olehe ngomong moro-moro beo-ne yu darmi muni
"burik,....burik,
Kang Semun 1st day
Anuju sawijining dino, kang Bayan ingkang nembe nglokro,...( ngono salah ngene salah, pijer didukani wae karo pak Lurah....)..
Nanging, masiyo kadang-kadang ndlodog, kang Semun ora grusa-grusu oleh’e arep gegayuhan dadi TKI......., “aku kudu duwe modal disik...”, ngono lamunan’e...”Paling ora aku kudu iso coro Inggris....”......, tambah maju oleh’e nglamun.....
Masiyo oleh’e sekolah ndisik mbayar nganggo jagung gedheng’an, ning kang Semun wis ngantongi ijazah sekolah menengah, mestine nek pelajaran coro inggris yoo wis tau diwulang, ning sayang’e blaasss ora iso muni...... “Ben cepet iso muni inggrisku, aku kudu melu kursus wae nang kutho.....” gagasane kang Semun bab modal coro inggris sajak oleh dalan tur wis ditekadi tenanan.....
Gak ngertiyo jam wolu isuk tibak’e kang Semun wis tekan ngarep kursus’an inggris sing gedhung’e magrong-magrong. Rodok gemeter sithik ning amergo wis nekat tenan kang Semun mlebu....
Ditemoni karo petrugas Pron Opis, nom2an cah lanang, “nyuwun sewu Mas Bagus.......
Petugas’e sajak yoo ramah tur simpatik, terus mernah-mernahke kang Semun : “niki mawon Pak, niki Immerse Coarse, kirang langkung tigang wulan..gurune niki native speaker, .....”, kang Semun rodok ndlongop sithik, ning terus takon : “ wah kulo kok mboten mudeng...., genah’e pripun ??!!!. Immerse Coarse niku ibarat’e njenengan di leb-leb ke ngantos komoh-komoh kaliyan gurune sing saking inggris langsung, lhhaaa mengke nek mpun mentas mesti mpun saged muni inggris’e...... Wooo ngaten thoo, nggih mpun kulo tumut niku mawon....., batin’e kang Semun : wong aku biasa ciblon karo lumban neng kali wae kok.... dileb-leb ke ritak ra po’po....asal inggrisku ndang muni........
Tapi..lhooo, lha kok konco-koncone podho necis-necis, klimis ngguantheng-
Nanging mental Bayan’e terus metu....tenaanggg, jarene atine...
Sayang’e kang Semun rodok gak nyemak....dadi yoo rodok plonga-plongo.
Ndelalah enek cah wedok sing lungguh ngarep menyat karo ngacung njaluk ijin neng toilet.....” excuse me Steve, may I......bla..
Suwe-suwe kang Semun gak kuat maneh....., begitu cah ngarep mau mbalik mlebu klas....., kang Semun karo mundhuk-mundhuk, tangane kiwo nyekeli ngisor wudel, nguempeet poolll, terus tangan tengen’e ngacung neng Steve karo setengah bisik-bisik muni ngene :...."kus me Steve, I want to throw little water"
maksude "Maap Steve, aku kepingin buwang air kecil"...mak bleber terus njeranthal metu....
Nyantuni Rondo
bayan semun ngacung "syarate niku kedah randha tuwo nggih kang ustad?"
"soale nek randane isik enom, gampang nyebabne fitnah...", wangsulanme ustad
"lha nek setengah tuwo dospundi!", bayan semun takon meneh.
"maksudmu mun?" pancinge ustad mukidin durung ngerti arah pitakone bayan semun.
"anu ustad... sing kula maksud niku randhane mas trihatmojo" ature bayan semun karo cengar-cengir.
pak ustad ngguyu ngakak: "hayyyyaaah.
"lho dospundi to pak... pak mukti sakniki rak pun pindah teng purwokerto"
"sak karepmu..."
Thursday, June 07, 2007
Kacang Mede
Bayan Semun sebagai penduduk anyar , Yu Darmi sowan nang omahe bayan
semun sing luwih tuwa umure.
Yu darmi : Mbah, tepangaken, kulo tetangga enggal sebelah griya njenengan nami kulo Darmi.
Bayan Semun : Oh, monggo pinarak, kok ngundang mbah tho wong aku isih gagah seger ngene lho? kulo Semun .
Pas lagi ngobrol, yu darmi ndelok ana saktoples kacang mede.
Yu darmi : Wah mbah, eh pak Semun angsal mboten nyicipi kacang medenipun
Bayan Semun: oh... yah...monggo monggo ora usah sungkan anggep wae omahe dewe.
Saking enak-ke ngobrol ngalor ngidul , saktoples mede entek di emplok Yu Darmi.
Yu Darmi : wah, ngapunten lo mas Semun (nyeluk mas merga rada isin ngentek-e mede saktoples) kacang medenipun kulo telasne...
Bayan Semun : Oh, nggak apa-apa kok, aku dewe yo ora pati seneng kacang mede mula tak klumpuke nang toples kuwi , senenganku coklat silverkuin.
Yu darmi : lho coklat silverkuin rak wonten mede-nipun to mas semun,..?
Bayan Semun : mulane kuwi angger mangan coklat silverkuin , ora nate tak cakot , mung tak klamuti wae lha kacang medene tak klumpuk-e nang toples sing kok entek-ke mau,...
Yu Darmi : "#$@##$&@"
rasakno tangga anyar kok ngragas bathine bayan semun karo mesem,......
Wednesday, June 06, 2007
Blutut
Marco : "Aku duwe HP anyar delok-en apik kan iki komplit banget lho ana kamera , blutut, isa ngrungoke lagu mptre, isa video , triji, pokoke komplit, sesuk tak gawa ah . eh indo kowe duwe hp ora takone" .
"aku duwe, iso foto juga, iso blutut juga" , jare Indo ora gelem kalah,
"sik tak jupuk-e" , jare Indo , trus mlayu mlebu omah njupuk HP lawas samsung X100
Marco : "yah HP butut isa foto nggak kuwi"
" isa " jare Indo sok tau , "blutut ya enek "
Marco : "isa lagu mptree ora ? coba lagune apa wae?"
" isa " jare Indo sik tetep wae ngedebus sok tau,....
Marco: "ana lagu kangen band ora kirim aku dong ngganggo blutut wae cepet,....."
Indo : "nggak ah mengko blututku entek,....."
Marco : "aja kuawatir nek blututmu entek mengko tak isi , blutut-ku akehkok nembe wae diisi karo papah-ku,..."
Oalah tibake poda katro-e
Manten Anyar
jawabe mung, "may"... maksude "may be yes may be no"... masiyo telat kawin tapi sebagai cowok sing gak neko-neko, dijamin nek segel abang sing ana tulisane "do not accept if the seal is broken" isik utuh tanpa cacat utawa baret..
kocap kacarito, sambel kecap ditambah merico... bener apa jare unen-unen "jodo, rejeki lan mati iku pesthi", ujug-ujug si tino rabi karo si tini (bukan nama sebenarnya).
merga dianggep bocah kolokan, anak mami, mula ing titi wanci menjelang dadi mnaten ibune sibuk, kepingin banget ngajari si tino piye carane memperlakukan isteri ing malem pengantin mengko. ibune kuwatir nek tino gak ngerti apa sing diarani "ngadu saliro tanpa busono" iku mula dijelasne apa sing kudu ditindakne karo bojone... (ibune lali nek wedhus kae gak nate ana sing ngajari ya bisa dhewe.. he,he,he...) "le... kowe engko turu sak amben bareng bojomu, aja nganggo pakean, terus kowe rangkulan.. bagian awakmu sing atos kuwi lebokna nang nggone bojomu pipis, terus mlebu-metu bolak-balik bareng karo aba-aba kenthongan sing tak tabuh saka njaba " ngono dhawuhe ibune, si tino manggut ngerti.
singkat crita, pas malem ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang pengantin nggawa kenthongan rondha. sakwise ana aba-aba siap... ibune tino nuthuk kenthongan.. thok...
thok.. tok.. wiwitane alon-alon... saben limang kethukan mendeg dhisik.... terus tambah suwe tambah cepet.. thok,thok,thok.
terothok,terothok,
sakwise sekitar limalas menit saka njero kamar si tino karo bojone jerit-jerit njaluk tulung...
wong-wong kaget... lawang didobrak alon-alon ditiliki mbokmenawa ana masalah.
tenan, nang njero kamar si tino gudras getih bathuke babak bundhas...
"lho iki piye.. ana apa nduk....???.
"ng.... anu mbok... mas tino nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero kloset"
ealah..... dasar....
Monday, May 28, 2007
Logika semun
Merga didangu, yu Darsih ngetokne uneg-uneg keibuane:
"Pak Hakim... kula niki ibune si Thole niku.... . Sangang sasi sepuluh dina kula ngandung. Niku mawon mboten cukup, kula nggih sing nyusoni anake kalih bapake, nggih kula sing saben bengi begadang, kula sing nulungi nalika nangis, sinten melih sing nyewoki lan ngganti popoke, nggih kula sing saben dinten nggendhong, kula sing ndulang, nggih kula sing ngajari omong, kula ngajari mlaku... mula hak asuh anak niku mesthi dateng tangan kula!"
Pak Hakim mung mendel, noleh menyang Bayan Semun terus takon.
Bayan Semun njawab enteng:
"Pak Hakim... umpami sampeyan mlebet ruang alit, terus nglebokne KARTU teng bolongane mesin, tangan sampeyan jowal-jawil tombol, milih kode ngantos wonten reaksi saking mesin... si mesin bergetar lan goyang sekedhik..jegrek-
Friday, May 04, 2007
Bojo Impian
" Digoleki cowok apik sing gak arep ngantem aku,gak arep ninggal aku, karo jos nang dipan"
Pirang - pirang dino wis lewat,nanging gak ono telphon nggoleki Yu Semin. Sawijining dino pas Yu Semin lagi nyetriko, lawang omahe Yu Semin dikethok - kethok.
" Ono tamu to, sopo yo?"
Wektu lawange dibukak, tamune wong lanang lungguh nang kursi roda, gak duwe sikil lan tangan.
" Sinten nggih, nopo sing saget kulo rewangi? "
" Kulo sing sampeyan padosi "
" Nuwun sewu,nopo mboten klentu? "
" Kulo maos wonten koran sampeyan pados tiyang jaler ingkang mboten saget ngantem lan mlajar, nggih kulo ingkang cocok,mboten gadah tangan kaliyan sikil "
" La sampeyan nopo pinter wonten dipan? "
Tamune Yu Semin njawab " Sampeyan kiro kulo ngethok lawang nggawe opo? "
Disclaimer : terjemahan ngawur..nyuwun ngapunten menawi mboten sopan.
by. ida faya
Tuesday, April 24, 2007
Bayang Semun juragan kapal
Bayan Semun duwe kembaran jenenge Semin (dudu Bayan).Cuma deweke durung kenal kak Seto – kak Kresna mula durung dadi anggota yayasan Nakula Sadewo.
Semun di samping bayan, nyambi dadi juragan perahu sing disewakne nang tlogo Sarangan. Lha kembarane yaiku Semin nembe wae kena alangan, bojone mati klelep merga kecemplung bengawan Solo nang daerah Sedayu....
mBah Mangun, gak bisa mbedakne antarane Semun karo Semin. Mula nalika ketemu karo Semun dikira iku Semin kembarane, langsung wae ngajak salaman karo ngaturake belasungkawa
"Mas… nderek sungkawa yaa… sapa sih sing gak sedih nek ditinggal sing kinasih"
Lha kok ndilalh, si Semun sing dijak omong mBah Mangun iku nembe wae kelangan prau merga bocor lan tenggelam nang tlogo Sarangan, mula Semun enggal wae njawab kanthi semangat: :
"Mboten dados napa mBah… wong malah beneran kok kula… sakjane kula rak sampun waleh. Wong modele pun ndesooo,
Friday, January 26, 2007
Konsultasi
Upaya sing rasional lewat medis ya ditempuh, kang Semun konsultasi ahli Andrologi ing Rumah sakit Sudhono Madiun (nek durung ana dianggep ana wae lah..). Kanggo upaya pengobatan Propesor Andrologi njaluk supaya kang Semun nggowo conto bibit sperma. Gunane arep diuji ing lab pira sing kuat mlayu ngetiprat lurus, pira sing aras-arasen, pira sing slewengan ngiwa nengen, pira sing mung meneng wae, pira sing maju - mundur, dll.
Mula deweke ndaftar periksa ing Makmal, karo mbak suster diweneni jelly ing wadhah tube, beberapa lembar tisu karo gelas ditutup kertas grenjeng. Kang Semun didhawuhi mlebu ruang sempit nang pojokan, supaya swalayan ngetokne conto bibite dhewe. Kamar sempit sing remeng-remeng iku, temboke ana gambar artis seksi, ana telepisi karo DVD player tapi ditempeli kertas "out of order", ana dipan ukuran singel komplit kasur lan bantal sing ditutup sprei putih, sayang banget... ketok ana noda-noda aneh pating dlemok ing sprei lan sawal bantale.
Bayan Semun mung turon sinambi kelap-kelop, bingung apa sing arep dilakoni... seprapat jam gak greng mula ya gak bisa nyapo-nyapo. Mula deweke nyerah, gagal nyerahne conto bibite dhewe dina iku... mungkin critane beda nek mbak suster sing ngulungake galas mau melok ngewangi.. he,he,he...
Kang Semun lapor mbak suster.
"Gak apa-apa Pak.. sampeyan jupuk dewe nang omah wae dibantu ibu.. tapi aja nganti luwih setengah jam kudu wis tekan kene supaya bibite gak mati", sarane mbak suster.
Esuk-esuk kang Semun gupuh teka meneh, nanging gelas isik kosong.
"Mbak Suster... sepurane aku durung bisa ngaturke conto bibitku meneh"
"Lho Pak.. apa bojo sampeyan gak gelem mbantu, iki rak demi berdua juga""
"Gak mung bojoku mBak... rewangku Ijah karo tanggaku yu Darmi sakjane ya melok mbantu ... tapi ya tetep gak bisa kuwi mbak!".
"Astaghfirullah.
"Iya mbak... kabeh pada mbantu mbukak tutup gelas iki, tapi gak bisa kebukak... mula ya wis njlepret nang endi-endi"..
"Yaaa ampun..."
Thursday, January 04, 2007
Kempongane Bayan Semun
Lurah dewe sakjane ya rumangsa melu salah, geneya langsung percaya karo Bayan Semun, tanpa ngecek langsung nerusne lapuran menyang Camat karo Kapolsek. Mungkin sing kepikiran supaya bisa cepat ditangani sapa ngerti ana sing bisa dislametne. Saka lapurane Lurah, berita diterusne pak Kapolsek tekan Kapolres, munggah terus tekan Gubernur lan Mentri Tahta
Rajaperkasa, akhire Presiden.
Gara-gara kempongane bayan Semun, wong sak ndonya umyeg, kampung nDadapan dadi rame, wartawan pada teka, stasiun telepisi siaran langsung. Tukang ojek panen, biasane sak tarikan limang ewu mundak dadi seket ewu.
„Mun, kowe sakjane weruh dewe ora?“ takone Mantri Polisi.
„Nggg... sakjane niku nggih namung jarene mBah Jambrong kok“, Bayan Semun lugu.
„Haaah.... mBah Jambrong kuwi sapa, aku arep ketemu“, ature pak Camat karo menteleng.
Kaya pesakitan dikeler, Bayan Semun nginthik ditutne para penggedhe kecamatan lan desa.. deweke mlebu kuburan, mlangkahi maesan-maesan. Tekan cungkup ngisor wit kepuh… ana wong edan sing rambute gimbanl, klambine rowak rawek lagi turu.
“Niku.. mBah Jambronge”, aloke Bayan Semun.
“Heeeh... Mbah Jambrong, aja turu ae… endi montor muluk sing nyiblok iku”,
getakane pak Kapolsek.
”Bapak-bapak priyagung, aku gak ngapusi kok … aku yakin weruh dewe. Lha kae montor muluke… pancen gak bisa didelok nganggo mata biasa, kudu nganggo trawang mata batin”, mBah Jambrong ngoceh..
“Waiyah… ngawur… montor muluk iku gaweyan pabrik nang negara maju, isine alat lan mesin canggih komputer ngono kae dudu thuyul karo dhemit, bisa mabur merga avtur dudu merga dikutugi menyan utawa disiram banyu kembang”., ature pak Lurah.
„Lho montor muluk ing trawanganku iku ya canggih lan njlime. Sing nggawe empu. Nalika kudu pasa patangpuluh dina patangpuluh bengi, kudu dietung dinane, neptune, digoleki naga dinane, naga sasine, digoleki naase. Merga dina nggawene Rebo Paing mula dijenengi „Boeing“. Kurang njlimet lan canggih piye?“, mBah Jambrong ngoceh terus gak gelem kalah.
“Eyel-eyelan karo wong edan berarti melok edan. Dasar gendeng, gak bisa mbedakne antara dunia nyata karo dunia lain. Gak bisa mbedakne alam nyata karo ngimpi”, pak Lurah rada nesu.
“He, he, he… sampeyan sing ngaku waras ya isik seneng ngimpi kok, buktine isik iso diapusi wong edan”, omonge mBah Jambrong karo cengengas-cengenges.
“Owalah lha nek gak saka ngimpi... kapan meneh awake dewe neng negara iki biso ngrasakne seneng" grenengane pak Lurah.
"Mesakne Pak Tahta Rajaperkasa, merga pusing mikir bencana kapal laut disusul kabar simpang siur kapal mabur rambute langsung dadi putih memplak", mBah Jambrong ndleming.
"Husy... iku nambah wibawa kok..."