Thursday, October 29, 2009

pirooo limang atus ewu,....!

Bayan Semun dolan nang mediun mampir nang Cafe.
Pas lagi clingak clinguk golek panggonan , ana cah wedhok ayu ireng manis lungguh dewek-an nang pojokan.
"Nyuwun sewu dik, aku oleh lungguh nang kene?, tak traktir es jeruk yo,.." jare Bayan Semun nawani.
"Opo !!!! emang aku cewek murahan opo piye , enak wae arep ngajak nang Hotel...!!!" Cah wedok mau bengok bengok,...
"Aduh mboten, mboten ngoten ampun salah paham jeng,..kulo namung nawari es jeruk kok...menawi mboten kerso nggih mboten menopo-menopo,

.." Jawab-e Bayan Semun luwih sopan karo clingukan bingung.
"Eeeee lha kok ngeyel bocah iki , aku dudu cewek sing koyo ngunu iku ,..enak wae ngajak nang Hotel,.." Cah wedhok mau mbengok luwih banter
Bayan Semun kisinan banget , balik klepat mlaku ngadoh golek panggonan liyane. Wong sak Cafe mendelik kabeh matane ndelok Bayan Semun kisinan.
Kira-kira rong puluh menitan , cah wedhok mau gantian marani bayan Semun sing lagi nyruput kopi nang pojok-an.
"Ngapunten nggih mas. Aku mau lagi mraktekne ajaran nang sekolahku, aku iki mahasiswi prikologi sing lagi mempelajari perilaku manusia pada situasi yang tidak diinginkan." Cah wedhok mau sopan njaluk ngapuro.
Bayan Semun meneng sakwetoro raine sing abang mbranang kisinan mau isih durung ilang.
"Mas ngapunten nggih,..dek wau terpaksa mego memenuhi kebutuhan skripsi?" cah wedhok mau memelas..
Bayan Semun ngadek mbengok sak kenceng-kencenge "Pirooooo!!!!!? Limang atus ewu????, kuwi wis termasuk Hotel-e opo durung???"

Thursday, October 22, 2009

Panggonanku pipis

Sinten numpak sepur?
Cah telu sak geng yaiku Semun, Kasdi karo Paijo nyang Jakarta numpak sepur Matarmaja..
Kaya iklan ”Nggak ada loe nggak rame”... neng ndalan ana-ana ae bahan garapane.

Tekan stasiun mBalapan... sepur mandeg.. cah telu totohan sapa sing bakal lungguh neng bangku kosong sing neng cedhake deweke, mulai lanang apa wedok, isik enom apa tuwek, dst.

Eh temenan... gak suwe ana cah wedok seksi, kaya Dewi Banowati, dandanane menor, ayu moblong-moblong kaya bintang Hongkong, manja-manja rada ceninilan mengundang..
”Mas-mas.. apa bangku ini kosong?”.
Kaya entuk rejeki nomplok , cah telu pada lomba-lomba mbagekne sekaligus narik perhatiane si cewek...
Langsung Yu Darmini putri Solo mau melebur karo kenakalan geng Semun..
Geng iku ngobrol gak entek-entek.

.. bareng wis tekan Kroya... suasane mulai sepi, penumpang liyane wis akeh sing mulai nggeraji.. Semun mulai ”ngeres” (pasir kali).

"Eh Yu... sikilmu ketoke kok mulus men... Piye nek kowe nyingkap rokmu sithik nganti dengkulmu ... aku cah telu iki gelem kok urunan rongpuluh ewuan nggo mbayar sampeyan”.
Dasare Yu Darmini... halah apa berate mung ngamal nuduhne dengkul ae..
”Hayo...” ngono kandane Yu Darmini.
Rumangsa pancingane ditarik iwak, kang Kasdi nrambul...
"Piye nek ditambahi cah siji dadi 50 ewuan tapi kowe gelem nyingkap sing rada duwur meneh..."
Semun karo Paijo setuju...

Yu Darmini meneng sedela karo mikir... wah cah telu jadi 150 ewu, siapa takut???
Mula Yu Darmi ngangkat roke nduduhne pupune sing mulus nyang cah telu iku...

cah telu melotot ra kedep.

Semun sak kancane kaget.. ujug-ujug Yu Darmini usul...
“Piye nek sampeyan masing-masing urunan rongatus ewuan.. aja kuwatir engko tak duduhi... sori yaaa... nggg... panggonanku pipis" (pas tembung terakhir omonge rada alon kaya bisik-bisik)...

Wah... kontan cah telu celegukan... GLK-GLK-GLK kaya neng komike Djair biyen... gulu menjinge mulai munggah mudhun.. utawa istilahe Pos Kota pendulumnya mulai bergerak... ambegane mulai ngos-ngosan.. kang Semun malah reflek nyekeli suwale..

"Hayoohh… " cah telu koor bareng...

Terus Yu Darmini nglumpukne duwike cah telu rongatusan dadi gunggung kepruk nematus ewu.. terus dewek-e ngajak neng sambungan gerbong. Cah telu semrinthil kaya kebo ditarik keluhe.

Neng gang Yu Darmini mbukak lawang toilet... mandeg sedela nyawang cah telu iku siji-siji... terus nudingi bolongan kloset karo cekikikan "Nooh... neng kono panggonanku mau pipis... Puas.. puas.. puas...!!"

Cah telu mung ndomblong, ampere langsung ngedrop.. owalah Mun.. duwik nematus ewu mung ndelok bolongan kloset thok...

Wednesday, October 14, 2009

Ongkos Nuthuk

Kanggo nambah penghasilan Bayan Semun usaha bukak bengkel.
sakjane Semun durung pati pinter wong melu kursus montir wae lagi telung wulan.
Nanging amargo terdesak kebutuhan dewek-e wani bukak bengkel nang ngarep omahe.
Persiapan wis mateng , alat wis komplit , konco-konco wis dikabari kabeh mulai pak Lurah, Carik, Jagabaya, Jagatirta, Modin nganti Yu Darmi sing ora gablek kendaraan yo dikabari.
Hari pertama bukak sekitar jam 8 isuk ana pasien teko, tibane Pak Carik nggowo sedan Peugeot-e ...
"Mun iso ngungak ora , sedanku iki kok ora kena di stater , padahal aki-ne wis tak tukokne anyar" Pak carik sambat
"Oooo niku dinamo stater-e pak carik" jawab-e Semun kaya wong cerdas.
"Dinamo Stater-e keneng opo mun" Jare pak Carik
"Kedah diserpis pak carik , basa teknik-e dinamone kelet " jawab-e Semun keminter
"Suwe ora soale aku lagi kesusu iki, di dawuh pak Lurah nyang nggone pak Bupati" jare Pak carik maneh.
"nggih radi dangu pak, tapi kulo saget kok ndandosi kilat pokoke dijamin saget distater maleh" jare semun
"Piro mun ongkose" Pak carik takon
"Satus Ewu kemawon pak" jare Semun
"Yo wis garapen mun tak tunggu , cepet yo"
"Beres boss"...semaure Semun Semun mbukak alat alat terus njukuk palu.... dok,..dok...dok...dinamo stater peugeot-e pak carik di tutuk-i nganggo palu...
"Sampun pak dicobi" jare Semun...
cekekekkkkkekekk......brummmmbrummm....mobil-e pak carik iso distater...

"Mun kowe mung nutuk ping telu wae kok ongkose larang men tho nganti satus ewu" pak carik protes mergo semun mun nuthuk dinamo stater-e thok....
"Pak Carik ongkos nuthuk-e mawon murah pak namung 5 ewu,..lha sing 95 ewu niku ongkos ilmu kulo kangge mangerteni bagian pundi sing dituthuk" jawab semun enteng

Friday, October 09, 2009

Darurat

Bayan Semun diajak pak Lurah rapat nyang Suroboyo.
Tepak-e nang Hotel Indahnya Malam lantai 30.
"Mun tunggunen nang Lobby yo iki HP gawanen, mbok menowo aku ana perlu dadi gampang ngubungi kowe" dawuhe Pak Lurah
"Nggih pak Lurah kulo tenggo teng Lobby"

Lagi wae 20 menitan rapat mulai, HP-ne Sumun muni iring,...iring....iringggg....
"Mun tulung jupukno map kuning nang njero mobil yo,.....cepet mun ,...darurat iki..... laporanku ana nang ana kabeh,...nek ora cepet pak Gubernur iso nesu nesu,..."
"langsung terno nang Lantai 30 ruang bh 302 yo,....cepet mun" krek HPne pak lurah mati.
Jegagik Semun langsung mblayu nang basement njupuk map kuning trus mblayu munggah nang lobby maneh.

Sakwetoro pak lurah wis gelisah mlaku ngalor ngidul nang ngarep lift , 10 menit durung ketok, 40 menit durung nongol, malah wis sak jam bayan semun durung kethok irunge.
Pak Lurah ora sabar nelpon Semun maneh,....
"Mun lha kok suwi men tho , mosok nganti sak jam durung mecungul irungmu,....sakiki kowe nangdi.." Pak lurah bengok bengok
karo krenggosan Bayan Semun semaur : "Kuloo.....tasihhh...wonten...lantai....selangkung pak lllurah,..."
"Lantai selawe?.. lif-e macet opo piye,..." pak Lurah bingung.
"mbotennn pak kulo lewat tangga darurat..." jare semun isih karo krenggosan
"Lho lhaopo kowe munggah lewat tangga darurat rak cepet yen ngganggo lift to" Pak Lurah tambah binggung
"Kulo wau bade lewat Lift pak tapi pas teng ngajeng lift wonten tulisan '
DALAM KEADAAN DARURAT HARAP GUNAKAN TANGGA' lha wau pak Lurah rak ngendikan yen niki darurat , dados kulo balik malih trus lewat tangga darurat,...." semaure Semun karo krenggosan napase senin kemis........