Thursday, July 23, 2009

Gak Sido Nyoblos

Setu wingi Semun didawuh pak Lurah niliki proyek jalan tembus nang Sarangan , merga kewengen dadi kepeksa nginep nang Hotel Rindu Malam, Jam 8 bengi hawa sarangan uadem athis banget , sarungan plus mancal kemul tetep wae isih kathisen , ora tahan kathisen tur ya sepi Semun nelpon nyang Resepsionis.
Semun : "Hallo mbak tulung kirim cewek sing paling seksi mrene ya, kanggo kanca sewengi"
Yu Darmi pemilik hotel Rindu Malam kebetulan sing nampa telpune Semun nesu-nesu krungu penjaluke tamu siji iki, terus ngongkon bojone supaya ngusir tamu sing kurang ajar iki saka hotel.
Tapi bojone Yu Darmi keberatan, jarene permintaan Semun kuwi wajar , alami lan ora merugikan sapa wae. Opo maneh Semun iki termasuk pelanggan tetap.
Yu Darmi : "Ya wis!!. nek pancen njenengan ora gelem ngusir , aku wae sing nendang tamu kurang ajar iki"
Yu Darmi langsung mlayu munggah nang lantai 2 kamar nomor 208 , kamare Semun.
Sakwetara ana 30 menit, nang lantai 2 ana suara kedobrakan . Karyo bojo-ne Yu Darmi kuwatir yen ana apa apa mlayu munggah nututi Yu Darmi.
Karyo : "Lho ana apa iki kok gedobrakan rame temen....?"
Semun : "Ngene lho kang aku mau njaluk dikirim cewek sing ayu kanggo ngancani aku sewengi iki, sing dikirim pancen uayu banget tapi sayange rada galak dadi ya kepeksa gak sido nyoblos mung nyontreng wae,....."
Karyo : Di@put kud!$ kur@p $@p!......
Gubrakkkkk.. Karyo nggeblak semaput...

KaTePe

Dampak bom JW Mariot II plus Ritz Carlton, kaya biasane pengamanan ibukota diperketat. Pemda DKI nggelar operasi yustisi kependudukan. Nganakne razia KTP neng terminal-terminal, stasiun, malah mal-mal tertentu. Mula nek arep mlaku-mlaku neng Jakarta, aja lali nggawa KTP utawa paspor (nek sampeyan wong asing).
Semun sing lagek neng Jakarta ya lali gak nggawa KTP, pas neng Terminal Pulogadung ketangkep petugas.
Semun sakjane grogi, merga nate krungu ulahe RELA (pam swakarsane Malesa) sing nek razia wong Indonesia ngawur, maen tangkep, main sikat, main embat, maen penjara.
Tapi dudu Semun nek kurang akal.
"Selamat siang Pak... bawa KTP atau surat-surat?"
Ditakoni surat-surat karo petugas, Semun nyelathu: "Hari gini isik surat-suratan... kunoooo... gampangan kirim SMS Pak, gak perlu prangko gak sah bis surat!"
"Maksude saya, KTP atau surat keterangan.. sampeyan punya nggak?"
"Wah... kalo itu ndak ada saya, KTP saya lagi ditarik supaya lebih panjang di kampung.. tapi gimana kalo ini saja", Bayan Semun ngerogoh tas ngetokne buku cilik warna ijo.
"Lho surat apa itu.. sampeyan apa orang asing kok mau menunjukkan paspor?"
"Bukan Passpor Pak, ini layang kawin".
"Saya ndak butuh Surat Nikah sampeyan.. tapi KTP"
"Sampeyan iku jebule kok bodo sih Pak... KTP potonya cuma satu, dan tekennya cuma Pak Lurah sama saya... lha kalo surat nikah ini potonya aja dua serta teken-nya lebih banyak, ada saya, isteri, pak naib, pak lik saya dan pakliknya istri... dan bikinnya aja perlu pake pesta gak kaya KTP cukup dateng di kelurahan... mosok gak laku??"

Friday, July 10, 2009

Kuik Kon

Angger nonton tipi utawa jaduman neng gerdu, tembung “kuwik kon” sering disebut-sebut. Ngertine Bayan Semun kuik kon iku mbedek hasile pemilu, tapi nganti saiki sakjane ya durung ngerti blas artine. Mula nalika ketemu pak Carik Marto diwanek-wanekne olehe takon:
“Pak Carik, kula jenge nyuwun pirsa... kula niki katrok tenan, kuik kon niku napa ta... napa ngetung kalih uwik-uwik nyekeli kon....ci ngoten?”

Pak Carik: “Husy.. saru kowe... iku tapi cara ngetung cepet”

Bayan Semun: “Ponakan kula si Edi niku nggih pinter kuik kon nek ngoten, lha wong saged ngetung kecik klungsu sak bathok niku cepet sanget kok, jirolupatmanemtulungaluhlaslaslaslaskurkurkurluhluhluh... tus”.

Pak Carik: “Ngetung cepet iku gak ngono Mun, tapi ngira-ngira.. lah kaya kang Basuki sing bandar pelem kae.. deweke lagek eruh wit pelem sing wohe gemrandul ae wis bisa ngira-ngira nek diunduh bisa entuk pirang krenjang, malah ngerti sing bakal didol mateng pira sing mung pencit nggo rujakan pira. Mula bisa tawa regane pira nek arep nebas”.

Bayan Semun: “Lha nek peleme dereng woh, saged ngetung mboten nggih?”

Carik: “Ya ora iso nooo.. kaya pilpres iki nek contrengane durung dileksanakne, gak iso kuik kon. Milih presiden mung kuik kon tok tanpa contrengan iku hil sing mustahal”.

Bayan Semun: ”Lha jaman Orde Baru nika kok mboten... Pemilune dereng dileksanakne kok pemenange pun saged dibedek!”.

Carik: “Haiyah... jaman iku PEMILU artine --pemenange itu-itu melulu---”

Bayan Semun:”Pun paham kula sakniki... lha enggih ta... wong ajeng dietung siji-siji mawon.. kok ndadak nganggo kuik kon niku damel napa ta... kok ngguwang-ngguwang duwik?”

Carik: “Lha wong kowe dewe ya pengin cepet ngerti hasile ngono kok... apameneh para capres cawaprese, merga cepet ngerti rak duwe wektu sing cukup nggo siap-siap, sing diperkirakan menang siap-siap milih lan ngatur bala, sing diduga kalah nyiapne koper kanggo pulang kampung, nyiapne tuku pacul arit nek dadi petani, utawa gawe panti utawa mbangun pesantren kangge sarana mengabdi”

Bayan Semun: “Lha tapi wonten sing mboten percaya kalih kuik kon ngoten kok?”

Carik: “Jujur apa ora? Umpama bener gak percaya, berarti isik kalah kalah karo wong Pingkuk, lha wong dibantu pak Mantri Tani, warga kene sering nimbang hasil pari saka ubinan demoplot kangge ngira-ngira hasil gabah sak kabupaten kok.. tanpa kudu nglumpukne gabahe wong sak Magetan kok. Pancen kon iku mung ngira-ngira nganggo ilmu... arepa kaya ngapa hasile gak didadekne keputusan... tapi kena dienggo ngecek, nek hasil etungan resmi engko melenceng adoh saka kuik kon, ya kudu diteliti meneh... dicek endi sing melenceng, kuin kon-e apa etungan resmine”

Bayan Semun: “Eeeenggg... ngertos kula.. lha nek miturut kuik kon kula, saben sedasa tiyang jaler dusun Pingkuk mriki, salah setunggale nate mampir teng warunge mBak Lastri kidul kreteg nika”.

Carik: “Husy.... sst meneng ae nek arep mrana ajak-ajak aku...”

Thursday, July 09, 2009

Nyoblos apa nyontreng?

Wis patang minggu iki Bayan Semun turu karo anak-e lanang , merga bungsune sing wedhok lagi aleman njaluk dikeloni Yu Semun..
merga wis patang minggu ora kelonan bengi kuwi bayan semun blingsatan , "Bune aku wis ora tahan iki" jare Semun
"Hus mengko nek anak-mu wedhok nglilir kepriye? wis mengko-mengko wae" jawabe yu semun
"Mengko kepriye tho, iki wis nganti arep mleber lho,..sedelut wae kok" semun rada ngeyel
akhire yu semun ngalah "ya wis sing cepet ya pak-e" jare Yu semun merga wis kemecer mula pertarungan ora seru ora nganti sak menit wis bubar...
"wis bune ,..wis lega"...jare semun
"Wis lega kepriye to pak-e , njenengan mau nyoblos apa nyontreng,.....", Yu semun protes..