Friday, January 16, 2009

Mboten sah Dijujuli,....

Semun entuk proyek kongkon ngoleke rekanan kanggo ngawe jembatan nang desa pingkuk,..regane lumayan gede meh satus juta kurang simit,..
sakwise jembatan dadi lan diresmek-ne pak Lurah, pas semun lewat boncengan pit karo Yu darmi mara-mara dicegat wong sing macak perlente,...

"Pak semun nggih" jarene
"Nggih pak , wonten menopo" jare semun
Karo salaman "Pak Semun matur suwun nggih wis menehi gawean kulo lan sakniki gaweane wis rampung kanti apik"
Semun "lho gawean apa tho pak" rupane semun kethok blo'on-e
"Niku lho pak Semun proyek jembatan kali sadikem , lha niki sebagai ucapan Matur Suwun" jare wong mau karo nunjuk sapi sing lemu ginuk-ginuk nang nduwur colt pickup.
"Waduh mboten sah pak niku namine korupsi, kulo mboten wantun nampi sakmangke dipun cepeng kalih KPK lak blaen" jare semun nolak sapi sing diwenehke wong mau.
"Tulung lah pak Semun ditampa , nek njenengan ora gelem mengko malah aku sing didukani karo pak bos kulo" Jare wong mau rada memelas.
"Pokoke mboten wantun kulo pak, masio namung Bayan gaji kulo alit , tapi nek korupsi mboten lah matur suwun" Jawabe Semun
"Ngeten wae pripun nek sapi niki njenengan tumbas mawon"
durung mingkem olehe ngomong Semun wis nyrocos "Halah sampeyan iki ngece , arto saking pundi kulo,...sapi sakmono gedene paling ora rak sepuluh jut,.."
"Ngeten pak njenengan tumbas ning murah seket ewu mawon pripun,..? mangke kulo wenehi kwitansi jual beli , dados niki sah jual beli sanes korupsi" wong mau menehi solusi,..
Semun mikir terus : "Dadi iki aku tuku sapi nggih , sanes korupsi,..."
"Leres pak Semun sanes korupsi wong ngangge kwitansi kok"
Semun ndudut dompete sing wis nganti kelet merga ora nate kisenan duwit gepokan : "Niki satus ewu,....sah jual beli nggih"
"nggih" : jare wong mau karo ndudut dompet menehke duwit jujul seket ewu,...
"Mboten usah dijujuli pak , njenengan kirim mawon sapi setunggal malih" Jare Semun yakin,...