Thursday, December 11, 2008

Semun Takon Jam

Sak wijining dino, Semun dolan numpak sepur teko Mediun tujuan Jakarta. Isuk2 meh mlebu Jakarta, Semun takon marang bapak2 sing lungguh ning sebelahe, "Nyuwun sewu pak, sak meniko jam pinten nggih?"

Bapak kuwi mau meneng wae, noleh ae ora. Semun ngiro yen Bapak kuwi mau ora krungu, dadi Semum baleni takon nganti ping telu. Si Bapak tetep ora gubris babar blas.

Karo setengah mangkel Semun njawil Bapak kuwi mau, "Nyuwun sewu, ditangleti sae-sae kok mendel mawon!"

Bapak mau karo sengit njawab, "Mas, masalahe kulo niki kok mboten gelem njawab. Nanging nek tak jawab, mengko terus sampeyan takon ngalor ngidul, terus ngobrol sok akrab"

Karo melengos Semun nyauri, "Lha nopo salahipun menawi Bapak lan kulo akrab?"

Si Bapak mangsuli maneh, "Ngene Mas, mengko bojo lan anakku sing prawan ayu bintang kampus mapak aku ning Gambir. Lha nek akrab, mengko awak dewe medhun bareng2. Mestine aku kudu ngenalke kowe ning anak- bojoku. Lha bojoku kuwi wonge ora iso-nan. Mengko mesti nawari mampir.
Terus kowe melu mulih ning omahku, nunut adus, melu mangan barang.
Terus akrab karo anakku wadon, terus pacaran, malah iso2 dadi
mantuku."

Semun sing kebingungan malah tambah bingung, "Lho, terus nopo hubungane kaliyan pertanyaan kulo sing pertama wau?"

Bapak kuwi karo ngadeg ngadoh nimpali, "Masalahe ngene Mas, aku ora sudi duwe mantu koyo kowe. Jam tangan wae ora gablek, piye leh arep iso nyenengke anakku !"

Semun melongo, "Ooooooo ...... eh pak, jam pinten nggih sak niki?"

Friday, December 05, 2008

Nek tibane suwargo karo neroko kuwi ana

Semun mancal pit-e karo kesusu , pit-e cap manuk phoenix model jengki ngarep ana berko-ne masiyo wis rada teyeng ning isih isa murup , kabel sing nyambung nang berko, sing mung sak ler dironce rapi , sadel saka kulit sapi asli nang ngisore ana tempelan plumbir sing ketulis 1977 karo 1978 nemplek nang ragangane, masio wis lusuh ning isih kewaca , tutup ketengkase wis ora ana , kethok rantene resik kebloh gemuk bekas, nandak-ke nek pit iki dirumat tenan karo semun, sendalan karet ban cap dunlop ngebut ngalor embuh arep nangdi , pas nyang prapatan ketemu karo parto penyot,...

Parto Penyot : "Mun kok grusa grusu arep nyangdi tho,..melu aku yok nyang nggude ana sing anyar ,...barang baru isih kinyis kinyis nek mung yu Timah wae putus,.. pokoke nek diibaratke colt iki versi anyar sing isih nang soroom durung nate di-enggo jok-e isih diplastiki durung ana sing suwek , paling mung dijajal pencet klaksone, ngintip sithik mesine utawa paling banter mung dipanasi ora nate di tes apa maneh munggah mudun sarangan"
Semun kepekso mandek : "Wah aku wis putus hubungan karo sing jenenge maksiat nyot , Jemuah wingi ketemu karo pak ustad Mukidin nek jarene maksiat kuwi cedak karo neroko , pak pendeta tanggaku mburi omah ya ngomong kaya ngono, urip iki kudu di pergunakan sing apik kanggo sangu mbesok nek kiamat opo kowe gelem mlebu neroko ?..."
Parto penyot : "Oalah mun hari gini isih percaya karo suwargo lan neraka,...urip nang dndonyo kuwi sing jenenge suwargo"
Semun : "Lho njenengan iki kepriye tho , kowe apa ya arep kaya wong kapir ? blas ora percaya ananing neraka lan suwargo,...."
Parto Penyot : "Ora mun , aku ora percaya karo sing jenenge Neroko utawa suwargo , urip nyang ndoya iki sing jenenge suwargo sak wise ya ora ana maneh,.."
Semun : "Terserah kowe nyot nek aku tetep percaya nek suwargo kuwi ana,.."
Parto Penyot : "Kowe sembahyang nganti njumblek nek ndilalah mengko ora ana suwargo kepriye?? .. kowe rak rugi,....ora oleh apa-apa,...."

Semun : "Ya ora nyot apa rugine,..sakiki ngene wae , ..." karo narik napas merga krenggosan nggowes pit...
"Seumpamane mengko tibane suwargo lan neraka kuwi ora ana ,..ya uwis ora apa-apa aku ora rugi kok nginggati maksiat nang ndonya,...ora rugi ora melu njajal barang anyar sing jaremu isih kinyis kinyis kuwi,.."
"Lha nek tibane suwargo karo neroko kuwi ana jal,...nggih nyuwun sewu sak ora orane masiyo mung sithik aku wis duwe sangu kanggo nyambangi suwargo, lha nek sampeyan piye? sapa sing rugi jal,........"
Jare semun karo ngintik nyengklak pit jengki-ne ilang mlebu dalan desa sing pancen wis mulai peteng ndedet, sing kethok mung sorot lampu cilik saka berko Pit-e semun sing wis rada karaten lan suarane pedal nyenggol ketengkas sing pancen wis arep ucul,....sreeek,....sreeeek,.......sreeeek ,.....