Monday, April 14, 2008
Surat Semun
Lurah : "Mun kowe laopo tho kok tak mat-matne nglamun wae"
Semun : "Niki lho pak lurah , urip kulo ngantos sakniki kok mboten onten perubahan"
Lurah : "Ora ana perubahan piye tho karepmu?, anak nambah omah duwe kurang apa maneh"
Semun : "Inggih pak Lurah tapi griya kulo rak tasih setengah gedek setengah bata, batanipun nglepone nggih namung ngangge lendut sanes semen , niki napa wonten hubungane kalihan nomer griya kulo engkang 13 niki nggih"
Lurah : "oalah mun kowe kok percaya men karo Gendhulireng, kuwi ora ilmiah blas,...mungkin kowe ora nate ndonga marang Gisti Allah"
Semun : "Saben dinten kulo sampun ndonga lho pak , ngantos dridil,.."
Lurah : "Mungkin dongamu kurang khusuk,.."
Semun: "Sampun kok pak Lurah , malah saking khusuk-e oleh kulo ndonga, dompet kulo didudut kaleh bojo kulo mawon, kulo mboten kraos,.."
Lurah : "Mungkin pancen durung wayahe mun,.. Gusti Allah Ora Sare,.."
Semun : "Dereng wancine pripun tho pak lurah, kulo kekurangan rak sampun dangu , wakijan engkang sampun sugih mawon rejekine malah tambah deres,.."
Lurah : "Oalah Mun kowe kok ngeyel men tho, sakjane kowe iki njaluk apa tho,..umpane dongamu sak dek sak nyet langsung dikabulke karo Gusti Allah ning mung sepisan, kowe arep njaluk apa tha"
Semun : "Kula bade nyuwun arta kangge mbangun gubuk kulo"
Lurah : "Terus nek wis keturutan , omahmu gedong maglong-maglong ning kowe ora isa ngrumat , ora isa mbayar pbb, nek rusak ora isa ndandani , terus omahmu ambruk rak kowe malah ora duwe omah,.."
Semun : "Nek ngoten kulo bade nyuwun Pabrik mawon , rak onten hasile dados mboten kekurangan duwit,.."
Lurah : "Kowe duwe pabrik ning ora isa nglakok-ne sing becik , saya suwe pabrikmu malah bangkrut kowe diuber-uber buruh-mu dijaluki pesangon rak malah mbambung kowe, SD wae ora tamat kok arep mimpin pabrik,.."
Semun bingung apa ya sing arep tak jaluk marang Gusti Allah,..
Merga bingung Semun nulis surat ,...
Isine mung cekak wae:
"Sederek sedoya pembaca Blog engkang minulya,...menawi Donga panjenengan sak dek sak nyet bade dipun kabulaken dining Gusti Allah, panjenengan sedoya bade nyuwun menapa,...?
Matur Sembah Nuwun
Bayan Semun
Friday, April 04, 2008
Bayan Semun vs Robert Kiyosaki
Jan tenan, goro2 bojone Semun moco bukune Robert Kiyosaki “Pak Sugih vs Pak Melarat” sing disilih t
“Rumangsamu bisnis ra perlu modal to. Duit ko ngendi?” sauté karo nyruput kopi. “Alasan wae, jare pak Purdi E. Chandra sing penting niate”, bojone Semun ora gelem kalah, nduduhke perbendaharaan ilmu. Gatel ngrungoke omelane bojone, meneng2 bayan Semun njajal nyambi ngojek. Vespa dicengklak terus nongkrong ning pertelon Kleco. Lha opo tumon ojek gawe vespa bobrok, yo ora payu. Kabeh do milih numpak Honda anyar. Nganti bengi ora entuk penumpang, Semun mulih. Sial kudanan pisan ning tengah dalan, gek lali ora nggowo jas hujan.
Endasmu pecah
Lurah pingkuk oleh jatah siji, masio sakjane durung pati iso nyopir,..apa maneh mubil mewah sekelas VW Wuareg iki,..
Saben dino Bayan Semun kongkon ngelapi nganti kempling,..
Pas udan gede pak lurah nyengklak mubil-e arep nglebok-ke nang garasi sing wis di siapke ,
Semun : "mundur pak terus terus kiri kiri , kanan sithik terus terus,.."
Lurah : "piya ta mun kiri kanan terus terus sing bener to leh mu ngabani,.."
Semun : "nggih pak lurus mawon terus ,...terus ,..teruss"
mara-mara bruaaakkk pranggggg,....mubile nabrak jendela kantor-e paklurah,..
Lurah : "kowe iki piye tho mun teras terus teras terus , nabrak kok isih mbengok terus endasmu pecah kuwi,..."pak Lurah ngamuk misuh-misuh,
"Pak Lurah endas kulo tasih utuh engkang pecah niku wau jendelo kamar" jare semun karo nggowo pecahan kaca nako,..
"wooo dasar , tiiiiiiiiiiit yu darmi, tiiiiiiiiit jaran, tiiiiiiiiiit embokmu kuwi,...." pisuhe lurah ndridil,....
note :
mergo lurahe misuh jorok kelewat wates mula kena sensor, tiiiiiiiiittttt.....