Friday, January 26, 2007

Konsultasi

Kang Semun wis rabi limang tahun, tapi durung diparingi momongan. Ibarate wong duwe kebon, sabendina rajin macul, ndangir, ngrabuk. Tangan nganti kapalen awak adus kringet, tapi gak ana asile. Mula gak kurang usahane kang Semun, pirang-pirang dhukun mulai sing pijet ngantek sing nyuwuk diparani, dikon mbiyantu.. nanging dudung ketemu sing josss... Saran utawa nasehat saka kanca, kenalan lan sedulur dilakoni, jamu sehat lelaki, jamu sate kelinci, toge mentah, tarak mangan jangan terong, dll tapi durung ana tanda-tanda Yu Semun nggarbini.
Upaya sing rasional lewat medis ya ditempuh, kang Semun konsultasi ahli Andrologi ing Rumah sakit Sudhono Madiun (nek durung ana dianggep ana wae lah..). Kanggo upaya pengobatan Propesor Andrologi njaluk supaya kang Semun nggowo conto bibit sperma. Gunane arep diuji ing lab pira sing kuat mlayu ngetiprat lurus, pira sing aras-arasen, pira sing slewengan ngiwa nengen, pira sing mung meneng wae, pira sing maju - mundur, dll.
Mula deweke ndaftar periksa ing Makmal, karo mbak suster diweneni jelly ing wadhah tube, beberapa lembar tisu karo gelas ditutup kertas grenjeng. Kang Semun didhawuhi mlebu ruang sempit nang pojokan, supaya swalayan ngetokne conto bibite dhewe. Kamar sempit sing remeng-remeng iku, temboke ana gambar artis seksi, ana telepisi karo DVD player tapi ditempeli kertas "out of order", ana dipan ukuran singel komplit kasur lan bantal sing ditutup sprei putih, sayang banget... ketok ana noda-noda aneh pating dlemok ing sprei lan sawal bantale.
Bayan Semun mung turon sinambi kelap-kelop, bingung apa sing arep dilakoni... seprapat jam gak greng mula ya gak bisa nyapo-nyapo. Mula deweke nyerah, gagal nyerahne conto bibite dhewe dina iku... mungkin critane beda nek mbak suster sing ngulungake galas mau melok ngewangi.. he,he,he...
Kang Semun lapor mbak suster.
"Gak apa-apa Pak.. sampeyan jupuk dewe nang omah wae dibantu ibu.. tapi aja nganti luwih setengah jam kudu wis tekan kene supaya bibite gak mati", sarane mbak suster.
Esuk-esuk kang Semun gupuh teka meneh, nanging gelas isik kosong.
"Mbak Suster... sepurane aku durung bisa ngaturke conto bibitku meneh"
"Lho Pak.. apa bojo sampeyan gak gelem mbantu, iki rak demi berdua juga""
"Gak mung bojoku mBak... rewangku Ijah karo tanggaku yu Darmi sakjane ya melok mbantu ... tapi ya tetep gak bisa kuwi mbak!".
"Astaghfirullah.

. pembantu karo tangga sampeyan melok ngewangi?" mbak Suster sing nganggo jilbab iku kaget, nyawang wajahe kang Semun sing culun kuwi.
"Iya mbak... kabeh pada mbantu mbukak tutup gelas iki, tapi gak bisa kebukak... mula ya wis njlepret nang endi-endi"..
"Yaaa ampun..."

Thursday, January 04, 2007

Kempongane Bayan Semun

Bayan Semun dipanggil nang kecamatan, deweke dituduh nyebar berita palsu merga nggawe lapuran menawa montor muluk Adhem Air nyiblok ndik dukuh nDadapan.
Lurah dewe sakjane ya rumangsa melu salah, geneya langsung percaya karo Bayan Semun, tanpa ngecek langsung nerusne lapuran menyang Camat karo Kapolsek. Mungkin sing kepikiran supaya bisa cepat ditangani sapa ngerti ana sing bisa dislametne. Saka lapurane Lurah, berita diterusne pak Kapolsek tekan Kapolres, munggah terus tekan Gubernur lan Mentri Tahta
Rajaperkasa, akhire Presiden.

Gara-gara kempongane bayan Semun, wong sak ndonya umyeg, kampung nDadapan dadi rame, wartawan pada teka, stasiun telepisi siaran langsung. Tukang ojek panen, biasane sak tarikan limang ewu mundak dadi seket ewu.
„Mun, kowe sakjane weruh dewe ora?“ takone Mantri Polisi.
„Nggg... sakjane niku nggih namung jarene mBah Jambrong kok“, Bayan Semun lugu.
„Haaah.... mBah Jambrong kuwi sapa, aku arep ketemu“, ature pak Camat karo menteleng.
Kaya pesakitan dikeler, Bayan Semun nginthik ditutne para penggedhe kecamatan lan desa.. deweke mlebu kuburan, mlangkahi maesan-maesan. Tekan cungkup ngisor wit kepuh… ana wong edan sing rambute gimbanl, klambine rowak rawek lagi turu.
“Niku.. mBah Jambronge”, aloke Bayan Semun.
“Heeeh... Mbah Jambrong, aja turu ae… endi montor muluk sing nyiblok iku”,
getakane pak Kapolsek.
”Bapak-bapak priyagung, aku gak ngapusi kok … aku yakin weruh dewe. Lha kae montor muluke… pancen gak bisa didelok nganggo mata biasa, kudu nganggo trawang mata batin”, mBah Jambrong ngoceh..
“Waiyah… ngawur… montor muluk iku gaweyan pabrik nang negara maju, isine alat lan mesin canggih komputer ngono kae dudu thuyul karo dhemit, bisa mabur merga avtur dudu merga dikutugi menyan utawa disiram banyu kembang”., ature pak Lurah.
„Lho montor muluk ing trawanganku iku ya canggih lan njlime. Sing nggawe empu. Nalika kudu pasa patangpuluh dina patangpuluh bengi, kudu dietung dinane, neptune, digoleki naga dinane, naga sasine, digoleki naase. Merga dina nggawene Rebo Paing mula dijenengi „Boeing“. Kurang njlimet lan canggih piye?“, mBah Jambrong ngoceh terus gak gelem kalah.
“Eyel-eyelan karo wong edan berarti melok edan. Dasar gendeng, gak bisa mbedakne antara dunia nyata karo dunia lain. Gak bisa mbedakne alam nyata karo ngimpi”, pak Lurah rada nesu.
“He, he, he… sampeyan sing ngaku waras ya isik seneng ngimpi kok, buktine isik iso diapusi wong edan”, omonge mBah Jambrong karo cengengas-cengenges.

“Owalah lha nek gak saka ngimpi... kapan meneh awake dewe neng negara iki biso ngrasakne seneng" grenengane pak Lurah.
"Mesakne Pak Tahta Rajaperkasa, merga pusing mikir bencana kapal laut disusul kabar simpang siur kapal mabur rambute langsung dadi putih memplak", mBah Jambrong ndleming.
"Husy... iku nambah wibawa kok..."